2 Rama Abraham uga nyaosake saprasapuluhe samubarang marang panjenengane. Manut tegese asma Melkisedhek iku sapisan ateges ratuning kaadilan, sarta uga ratu ing Salem, yaiku ratuning tentrem-rahayu,
Dene watu kang wus dakedegake dadi tugu iki bakal dadi padalemane Gusti Allah. Punapa malih samukawis ingkang Paduka paringaken dhateng kawula punika saprasedasanipun badhe kawula saosaken dhateng Paduka.”
Gusti Allahe Israel ngandika, peparange Israel ngandika marang aku: Yen sawijining wong ngereh manungsa klawan adil, mrentah klawan wedi asih marang Gusti Allah,
Lah sira bakal duwe anak lanang, kang bakal dadi wong kang pinaringan katentreman. Iku bakal Sunparingi katentreman, uwal saka ing sakehe mungsuhe ing sakubenge. Bakale jenenge Suleman; tentrem-rahayu lan santosa bakal Sunparingake marang Israel ing salawase madege.
Mungguh sakehe pisungsung prasepuluhan saka sapi lan wedhus iku saka sakehe kewan kang liwat ing sangisore tekene pangon nalika dietung, iku saprasepuluhe dadia pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.
Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang, lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan, sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyur samangsa dheweke lumebu ing tanah kita sarta ngambah ing tlatah kita.
Mungguh wong bani Lewi, lah iku padha Sunparingi sakehe pisungsunge prasepuluhan wong Israel minangka pusaka, kanggo pituwase ayahan kang dilakoni, yaiku kuwajibane ana ing Tarub Pasewakan.
Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.
Awitdene Sang Melkisedhek iku ratu ing Salem sarta imame Kang Mahaluhur, kang methukake sarta mberkahi Rama Abraham nalika Rama Abraham kondur saka anggone ngalahake para raja.
kang tanpa Rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, kang ora ana wiwitaning dinane sarta wekasaning yuswane, sarta sarehne panjenengane kadadekake padha karo Putrane Gusti Allah, dadine lestari jumeneng imam ing salawase.