Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 7:10 - Kitab Sutji

10 amarga Lewi isih ana ing garbane leluhure nalika Sang Melkisedhek methukake leluhure mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 7:10
7 Iomraidhean Croise  

Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.


Sakehe wong kang ndherek Rama Yakub menyang Mesir, yaiku para putrane, kejaba somahe para putrane, kabeh gunggunge sawidak nem.


mung bae dudu sira kang bakal ngedegake padaleman iku, nanging anakira dhewe, kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kagem asmaningSun.


iya kaya pangandikane ing ayat liyane maneh mangkene: “Sira iku dadi Imam salawas-lawase, manut tatane Melkisedhek.”


Marga saka iku, saupama kaimamane Lewi wis ngolehake kasampurnan – jalaran marga kaimaman iku, umat Israel wis tampa Toret – apa sababe dene isih ana Imam Agung liyane kang katetepake manut tatane Sang Melkisedhek sarta ora kasebut manut tatane Imam Agung Harun?


Dene mungguh para turune Lewi kang padha tampa kalungguhan imam, iku manut angger-anggering Toret, kawajibake nglumpukake pisungsung prasapuluhan saka umat Israel, yaiku para sadulure, sanadyan wong-wong iki uga tedhake Rama Abraham.


Malah kena dikandhakake: Lewi kang wenang nampani pisungsung iku iya saos pisungsung lantaran Rama Abraham,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan