Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 6:4 - Kitab Sutji

4 Sabab mungguh wong-wong kang wus tau kapadhangan atine,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 6:4
38 Iomraidhean Croise  

Sawuse barang-barang iku dikumbah, imam kudu mriksa tandha-tandha iku mau maneh. Sanadyan ora mremen, yen tandha-tandha iku ora owah, barang-barang mau tetep najis, iku sira obonga nganti entek, awit tandha-tandha mau saya jero ana ing sisih buri utawa ing sisih ngarep.


Nanging manawa tandha-tandha mau thukul maneh ana ing omah iku sawuse batane dijugili lan omahe wus dikeruki tuwin malah wus dilepa maneh,


Tumuli medharake kidunge, pangucape: “Iki tembung-tembunge Bileam bin Beor, pangucape wong kang kaawasake mripate.


Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”


“Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.


Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong.


Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringan saka ing swarga.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”


Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka ing swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh.


Kabeh wong pracaya saka golongan tetakan kang ndherekake Rasul Petrus, padha kaeraman, jalaran padha sumurup, yen peparing Roh Suci iku uga kaganjarake marang bangsa-bangsa liya;


Dados manawi Gusti Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdene dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, kadospundi anggen kula saged nduwa dhateng Gusti Allah?”


Mangka Gusti Allah ingkang nguningani manahing manungsa, sampun kepareng nampeni tiyang-tiyang wau, lajeng ugi sami kaparingan Roh Suci kadosdene kita,


Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.


Awit aku kapengin ketemu kowe, prelu ngwenehi ganjaran kasukman, murih undhaking kasantosanmu,


yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Mung iki kang arep dakngreteni saka kowe: Apa anggonmu wus padha nampani Roh iku marga saka nglakoni angger-anggering Toret, apa marga saka pangundhanging pracaya?


Dadi kapriye saikine, apa Panjenengane kang maringi Roh marang kowe nganti luber lan nindakake mukjijat ana ing antaramu, anggone nindakake mangkono iku, apa marga kowe nglakoni angger-anggering Toret apa marga saka pangundhanging pracaya?


Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci,


Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,


Aku wus dadi paladene Injil iku manut peparinge sih-rahmate Gusti Allah kang kaganjarake marang aku cundhuk karo makaryane panguwaose.


Nanging sawiji-wijining panunggalan kita wus kaganjar sih-rahmat undha-usuk manut sapalimirmane Sang Kristus.


Aja nglirwakake kawajibanmu migunakake sih-rahmat kang ana ing kowe, kang wus kaparingake marang kowe sarana pamedhar-wangsit lan sarana tumpangan tangan dening parepataning para pinituwa.


lan bisa nuntun wong kang seneng madoni kalawan alus, sabab bokmanawa Pangeran paring pamratobat marang wong-wong mau sarta bisa nuntun marang karahayon,


Aleksander tukang tembaga kae wis nindakake piala akeh marang aku. Iku bakal diwales dening Gusti manut panggawene.


Padha elinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang, kowe kerep padha nandhang sangsara akeh amarga kowe betah nglakoni perjuangan kang abot,


Gusti Allah ngekahake paseksene kanthi tandha-tandha lan kaelokan sarta panguwasa warna-warna sarta kalawan Roh Suci, kang diedum-edumake ing sakarsane.


Manawa ana wong kang weruh sadulure nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakake pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengane bakal maringi urip marang dheweke, yaiku kang padha gawe dosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kang nekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akon ndongakake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan