Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.
Ora ana wong siji bae kang ngrebut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu.”
ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.
Sapa ta panunggalane para malaekat kang tau dipangandikani mangkene: “Sira iku PutraningSun! Sira wus Sunputrakake ing dina iki?” sarta “Ingsun bakal dadi Ramane, lan Panjenengane bakal dadi PutraningSun?”
Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”
ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.