Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 5:4 - Kitab Sutji

4 Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 5:4
16 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.


Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”


bin Abisua bin Pinehas bin Eleazar bin Harun, yaiku Imam Agung Harun.


“Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


“Sira ngajaka Harun lan para anake lan njupuka panganggone lan lenga jebad, apadene sapi lanang kurban pangruwating dosa, wedhus gibas lanang loro, sarta kranjang kang isi roti tanpa ragi,


kowe dalah para sadulurmu wong bani Lewi kabeh padha kalilan sowan, mangka saiki kowe kok padha ngarah kalenggahan imam?


Karomaneh ana geni metu saka ing Pangeran Yehuwah kang mangsa wong rong atus seket kang padha nyaosake padupan iku mau.


Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.


padha dekekana geni lan dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sesuk-esuk nuli wong kang kapilih dening Sang Yehuwah, iku kang suci. Wus cukup samene bae, eh para bani Lewi!”


nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”


Iku mau asmane para putrane Rama Harun, imam-imam kang padha kajebadan, lan wus katetepake supaya nindakake kaimaman.


Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringan saka ing swarga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan