Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 5:3 - Kitab Sutji

3 kang ngudokake saos kurban tumrap dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengane piyambak.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 5:3
10 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono wedhus lanang kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong akeh iku kasembeleha, sarta getihe kagawaa menyang ing saburine geber, lan getihe digawea padha kaya kang wus ditindakake tumrap getihe sapi mau, yaiku: dikepyurna ana ing dhuwure tutup pangruwatan lan ing ngarepe.


Sawuse mangkono Harun tumuli nyaosna sapi lanang kang arep dianggo kurban pangruwating dosa tumrap awake dhewe, kanthi patrap mangkono anggone ngolehake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane.


Pangandikane Nabi Musa marang Imam Harun: “Nyedhaka ing misbyah, kurban pangruwating dosa lan kurban obaranmu olahen, sarta nganakna pirukun kanggo awakmu dhewe lan kanggo bangsa iku; sawuse mangkono kurbane wong akeh mau banjur olahen, sarta nganakna pirukun kanggo wong akeh iku, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah.”


Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,


Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,


kang ora kaya para imam agung liyane, kang saben-saben kudu nyaosake kurban tumrap dosane dhewe lan sawise iku lagi tumrap dosane umate, sabab prakara iku wus katindakake dening Panjenengane sapisan kanggo salawase nalika Panjenengane ngaturake sarirane piyambak minangka kurban.


nanging tarub kang kapindho iku mung dilebeti dening Imam Agung piyambak sataun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kasaosake marga saka sarirane piyambak sarta marga saka panerak-panerake umate kang ora kajarag.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan