IBRANI 5:1 - Kitab Sutji1 Awitdene saben imam agung, kang kapiji saka ing antarane manungsa, iku katetepake kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Gusti Allah, supaya nyaosake pisungsung sarta kurban tumrap dosa. Faic an caibideil |
Pangandikane Nabi Musa marang Imam Harun: “Nyedhaka ing misbyah, kurban pangruwating dosa lan kurban obaranmu olahen, sarta nganakna pirukun kanggo awakmu dhewe lan kanggo bangsa iku; sawuse mangkono kurbane wong akeh mau banjur olahen, sarta nganakna pirukun kanggo wong akeh iku, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah.”