Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 4:9 - Kitab Sutji

9 Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umate Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 4:9
17 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah iku ngratoni para bangsa, sarta lenggah ing dhampare kang suci.


Mangkono dadine wong akeh padha ngaso ing dina kapitu.


Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.


nanging banjur lumebu ing papaning katentreman; wong kang urip kalawan ati kang lurus bakal oleh palereman ana ing paturone.


sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa


temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun: Wong-wong iku ora bakal mlebu ing panggonan paleremaningSun.”


Marga saka iku, kita dipadha waspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep keri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremane isih tumindak.


Awit sing sapa wis lumebu ing papan paleremane Allah, wong iku dhewe wis leren saka sakehing pagaweane, padha kaya Gusti Allah anggone kendel saka pakaryane.


Amarga kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing palereman, kaya kang kapangandikakake dening Panjenengane: “Temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun: Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing paleremaningSun”, sanadyan pakaryane wus rampung wiwit nalika dumadining jagad.


Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.


Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.


Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”


Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan