IBRANI 4:8 - Kitab Sutji8 Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh. Faic an caibideil |
Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.
Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”
nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”