6 Dadi wus cetha manawa ana wong sawatara kang bakal lumebu ing palereman iku, dene wong-wong kang wus luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-miturut.
Para wong pepilihaningSun kudu sira tinggali jenengira kanggo sumpah ipat-ipat iki: Pangeran Allah muga karsaa ndadekake kowe kaya wong-wong iki! Nanging para abdiningSun bakal kasebut nganggo jeneng seje,
Bangsa iki bakal Sungebag kalawan pageblug lan bakal Suntumpes, nuli sira iku bakal Sundadekake bangsa kang luwih gedhe lan luwih kuwasa tinimbang karo iku.”
Dene anak-anakira kang padha sira arani yen bakal dadi tawanan, iku kang bakal padha Sunirid lumebu ing kono, supaya iku padha ngawruhana tanah kang padha sira tampik.
Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.
Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [
Para sadulur, kang dakkarepake mangkene: Wektune wus kari sathithik! Mulane ing wektu kang mung kari sathithik iki, wong lanang kang padha sesomahan tumindaka kaya-kaya ora sesomahan;
Lan Kitab Suci, kang sadurunge wus sumurup manawa Gusti Allah nganggep bener marang wong-wong kang dudu wong Yahudi marga saka pracaya, wus luwih dhisik martakake injil marang Rama Abraham: “Iya ana ing sira kabeh bangsa bakal diberkahi.”
Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.