Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 4:2 - Kitab Sutji

2 Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 4:2
20 Iomraidhean Croise  

Nanging Rasul Paulus lan Barnabas kanthi kendel mangandikani: “Pancen pangandikaning Allah iku kudu diwartakake marang kowe kabeh dhisik, nanging kowe padha nampik lan nganggep ora pantes tampa urip langgeng. Mulane aku banjur padha marani bangsa-bangsa liya.


Lan ingkang rumiyin inggih kagem panjenengan sadaya punika anggenipun Gusti Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuweni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak saking piawon panjenengan.”


Tetak iku pancen ana paedahe, manawa kowe temen-temen netepi angger-anggering Toret, nanging manawa kowe nerak angger-anggering Toret tetakmu iku tanpa guna.


Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?


Lan sanadyan aku ndanakna sabarang darbekku kabeh, malah sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong, nanging yen sepi ing katresnan, iku ora maedahi apa-apa marang aku.


Mung iki kang arep dakngreteni saka kowe: Apa anggonmu wus padha nampani Roh iku marga saka nglakoni angger-anggering Toret, apa marga saka pangundhanging pracaya?


Lan Kitab Suci, kang sadurunge wus sumurup manawa Gusti Allah nganggep bener marang wong-wong kang dudu wong Yahudi marga saka pracaya, wus luwih dhisik martakake injil marang Rama Abraham: “Iya ana ing sira kabeh bangsa bakal diberkahi.”


Kowe padha sumurup, manawa aku martakake Injil marang kowe kang sapisanan iku sabab awakku lara.


Nanging sanadyan kaya mangkono, ewadene kowe meksa padha ora ngandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,


Awit Injil kang kita wartakake iku, ora mung kalantarake marang kowe kabeh kalawan tembung thok, nanging uga kalawan daya kakuwatan lan ana ing Sang Roh Suci sarta kalawan katamtuan sakatoge, kaya kang wus padha koksumurupi, kapriye anggonku padha tumindak ing gawe ana ing antaramu marga saka kowe.


Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging – lan iki pancen iya nyata mangkono – kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.


Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.


Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane.


He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.


Dadi wus cetha manawa ana wong sawatara kang bakal lumebu ing palereman iku, dene wong-wong kang wus luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-miturut.


Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.


Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan