IBRANI 4:12 - Kitab Sutji12 Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita. Faic an caibideil |
Inggih Nabi Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan wonten ing ara-ara-samun ing antawisipun malaekat ingkang nglairaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyan leluhur kita, saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng panjenengan sadaya.
Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging – lan iki pancen iya nyata mangkono – kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.
Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh lan ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.