IBRANI 4:1 - Kitab Sutji1 Marga saka iku, kita dipadha waspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep keri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremane isih tumindak. Faic an caibideil |
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.
Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.