Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 3:8 - Kitab Sutji

8 aja padha mangkotake atinira, kaya anane panggrundel, ing nalika jaman panyoba ana ing pasamunan,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 3:8
28 Iomraidhean Croise  

Nanging padha ora gelem ngrungokake, malah banjur padha ngakokake githoke kaya dene para leluhure kang padha ora pracaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.


Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.


Sarta maneh panjenengane mbalela marang Sang Prabu Nebukadnezar, kang wus dhawuh marang panjenengane supaya supaos dhemi Allah. Sang Prabu Zedhekia ngakenake githoke lan mangkotake panggalihe sarta ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Nanging tiyang-tiyang wau, inggih punika para leluhur kawula, sami tumindak gumunggung saha sami ngakenaken githokipun sarta boten mituhu dhateng pepaken-pepaken Paduka.


Sapa ta, sanadyan wicaksana atine lan gedhe kakuwatane, kang bisa nglawan marang Panjenengane sarta lestari slamet?


padha ngumbar hawa-napsune ana ing segara wedhi, sarta nyoba marang Gusti Allah ana ing ara-ara samun.


Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atine yaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-napsune.


Nanging Banisrael padha nyoba lan mbalela marang Gusti Allah kang Mahaluhur, sarta ora padha netepi marang pepenget-pepengete;


Sira aja mangkotake atinira kaya nalika ana ing Meriba, kaya ing dina nalika ana ing Masa ana ing pasamunan,


Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”


Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah, nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.


Wong kang ngakokake githok, sanadyan wus diwelehake, iku bakal diremuk dadakan lan ora bisa dipulihake maneh.


nanging padha emoh ngrungokake dhawuhingSun sarta ora nggatekake, malah padha ngakokake githoke; tumindake ngluwihi ala banget katimbang para leluhure.


Nanging sareng panggalihipun kumaluhur, tuwin wangkot, satemah tindakipun langkung dening angkuh, panjenenganipun lajeng kalungsur saking dhamparing karajanipun tuwin kamulyanipun kapundhut saking ing panjenenganipun.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Bakal nganti pira lawase bangsa iku anggone ngremehake marang Ingsun, lan bakal nganti besuk apa anggone ora kumandel marang Ingsun, sanajan wus ana pratandha pirang-pirang kang wus Suntindakake ana ing satengahe.


Amarga atine bangsa iki dableg lan kupinge jampeng sarta mripate dieremake, supaya aja padha ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge sarta atine bisa mangreti banjur mratobat, temahan Sunwarasake.


Ananging bareng ana sawatara kang puguh lan tetep ora gelem diyakinake, malah ngala-ala Margining Pangeran ana ing ngarepe wong akeh, Rasul Paulus banjur nilar wong-wong mau, para siswane dipisah saka ing kono, sarta ing saben dinane memulang ana ing papan kuliyahe Tiranus.


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


Karomaneh kita aja padha nyoba marang Gusti, kaya kang padha katindakake dening sawenehing panunggalane, satemah padha tiwas dening ula.


Kowe aja nyoba marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya anggonmu wus padha nyoba marang Panjenengane ana ing Masa.


Punapa ta sebabipun, dene panjenengan sadaya kok sami mangkotaken panggalih, kadosdene tiyang Mesir saha Prabu Pringon? Punika rak sami ngetogaken kemawon, nalika bangsa punika kesah, inggih punika rikala Panjenenganipun damel dolanan tiyang-tiyang wau?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan