16 Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swarane? Apa dudu wong kabeh kang padha metu saka ing tanah Mesir katuntun dening Nabi Musa?
Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun, lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan!
Kutha iki bakal kaobong lan kadadekake areng dening wong Kasdim kang merangi, dalah omah-omah kang payone kanggo papan kekutug nyembah marang brahala Baal lan kanggo gawe sesajen omben-omben marang allah liyane, kanggo nukulake gerahing galihingSun.
Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira.
Yagene sira nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan penggawening tanganira, yaiku sesaji kurban marang allah liyane ing tanah Mesir, kang sira parani amarga sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka? Kena apa sira arep dadi ipat-ipat lan cecampahan ana ing satengahing sakehe bangsa ing bumi?
Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Bakal nganti pira lawase bangsa iku anggone ngremehake marang Ingsun, lan bakal nganti besuk apa anggone ora kumandel marang Ingsun, sanajan wus ana pratandha pirang-pirang kang wus Suntindakake ana ing satengahe.
karodene padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha matur: “Adhuh bok inggiha kula sami pejah wonten ing tanah Mesir kemawon, utawi wonten ing pasamunan ngriki!
Mung abdiningSun Kaleb, sarehne kadunungan budi kang beda karo liyane, sarta mantep anggone ndherek marang Ingsun, iku bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus kelakon didlajahi, lan turune bakal padha ngebeki.
Sira bakal padha ora kelakon lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal padha sira enggoni, kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.
Marga Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Iku mesthi bakal padha mati ana ing pasamunan.” Dene panunggalane ora ana kang isih urip kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.
Yusak bin Nun, pembantunira iku kang bakal lumebu mrono, iku sira santosakna; awitdene iku kang bakal ngirid lakune wong Israel nganti bisa ndarbeni tanah iku.
Nanging sanadyan kowe wis padha ngreti sarta ora mangu-mangu tumrap iku kabeh, aku kapengin ngelingake kowe, manawa Pangeran iku pancen ngentasake umat kagungane saka ing tanah Mesir, nanging sabanjure numpes kang padha ora pracaya.