10 lawase patang puluh taun. Yaiku sababe Ingsun duka marang golongan iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atine, sarta padha ora nyumurupi marginingSun,
Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun, lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan!
Patang puluh taun lawase enggoningSun pegel ing galih ing bab jinis iku. PangandikaningSun: “Iku bangsa kang kesasar atine, padha ora nyumurupi dalan pitedahingSun.”
Nanging sanadyan wong-wong ing kene iya padha mumet marga saka anggur lan ngelu marga saka arak Imam utawa Nabi mumet marga saka arak, bingung marga saka anggur; padha mumet marga saka arak, mumet nalika weruh wahyu, sempoyongan nalika aweh putusan.
Ewadene lajeng sami mbalela sarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci; mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun, saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.
“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”
UmatingSun takon marang wite; sarta tekene kang nyumurupake, marga padha kasasarake dening roh jina, lan padha laku jina tuwin banjur ngungkurake marang Allahe.
Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.
Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,
Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?
He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.
Banjur padha nyingkirake allah-allah liyane saka ing tengahe sarta padha ngabekti marang Sang Yehuwah. Sang Yehuwah ora bisa menggak penggalihe mirsani kasangsarane wong-wong mau.