Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 2:9 - Kitab Sutji

9 Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 2:9
39 Iomraidhean Croise  

Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”


Ana trubusan kang bakal thukul saka ing tunggaking Isai, lan ana semen kang tuwuh saka ing oyode kang bakal metokake woh.


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


Satemene Aku pitutur marang kowe: Wong-wong kang padha ana ing kene iki ana kang ora bakal padha mati, sadurunge sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratone.”


Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih.


Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”


Aku pitutur marang kowe: Satemene ing antarane wong kang ana ing kene iki, ana kang bakal padha ora ngrasakake pati, manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”


Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.


Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungake nyawaKu supaya Daktampani maneh.


dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.”


Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.”


Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.


Punapadene sareng Panjenenganipun sampun jinunjung dening astanipun tengen Gusti Allah tuwin tampi Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken punapa ingkang sampun panjenengan uningani saha panjenengan pireng wonten ing ngriki.


Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.


Dadine padha kaya panerak siji nekakake paukuman marang wong kabeh, mangkono uga tumindaking kabeneran siji, njalari wong kabeh padha kabenerake dadi lan uripe.


Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.


Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,


Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?


Lan Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau.


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,


kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi.


“Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka, pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.”


Mulane nalika Panjenengane rawuh ing jagad, matur: “Kurban saha pisungsung boten Paduka karsakaken – nanging Paduka sampun nyawisaken badan dhateng Kawula –


Marga saka pracaya Henokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ketemu, jalaran wus kapulung dening Gusti Allah. Awit sadurunge kapulung, wus kaseksenan manawa ndadekake keparenging Allah.


Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.


Wondene kangge sawatawis wekdal sampun Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik tinimbang kaliyan para malaekat, saha sampun Paduka makuthani kaluhuran tuwin kaurmatan,


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Jalaran saben Imam Agung kapatah nyaosake kurban sarta pisungsung, mulane Gusti Yesus uga prelu kagungan kang dipisungsungake.


Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.


Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.


Tingale kaya urubing geni lan mustakane ngagem makutha akeh, sarta Panjenengane ngagem ciri seratan asma kang ora kasumurupan ing wong, kajaba mung sarirane piyambak.


Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan