Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 2:8 - Kitab Sutji

8 samukawis sadaya sampun Paduka telukaken ing sangandhaping tlapakanipun.” Amarga sajrone nelukake samubarang marang Panjenengane, ora ana siji bae kang kliwatan, kang ora teluk marang Panjenengane. Ewadene ing samengko kita padha durung weruh, manawa samubarang kabeh wis ditelukake marang Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 2:8
19 Iomraidhean Croise  

“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”


Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.


tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.


Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.


Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.


Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane.


Ujer samubarang kabeh wus ditelukake ing sangisoring sampeyane. Nanging yen ana pangandika: “Samubarang katelukake, dadi wus tetela yen kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane iku mau mesthi ora kalebu.


Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhi mangkene: “Lungguha ana ing tengeningSun, nganti mungsuh-mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira?”


ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.


Jalaran ora marang para malaekat anggone Panjenengane wus nelukake jagad kang bakal dumadi, kang lagi kita rembug iki.


kang lenggah ing tengening Allah sawise sumengka menyang ing swarga, sawise sakehing malaekat, para panguwasa sarta para pamisesa ditelukake marang Panjenengane.


lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.


sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan