Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 2:3 - Kitab Sutji

3 kapriye anggon kita akal oncat, manawa kita ora maelu marang karahayon kang samono gedhene iku, kang wiwitane diundhangake marang kita dening Gusti, lan dening kang padha ngrungokake kalawan patrap kang kena dipracaya,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 2:3
42 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


Sarta wong ing pasisir iki bakal celathu ing wektu iku: Lah mangkene kadadeane para wong kang padha dadi pangarep-arep kita, kang kita ungseni kita jaluki pitulungan supaya diuwalake saka raja ing Asyur. Kapriye bisane kita oncat?”


Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak, pangluwaran peparingingSun bakal teka, sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos; pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun, padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun.


Amarga iku bakal padha kapangan ing renget kaya anggone mangan sandhangan tuwin bakal padha kamangsa ing singgat kaya anggone mangsa lawon wulu wedhus gembel, nanging karahayon kang saka Ingsun bakal lestari ing salawas-lawase sarta pangluwaran peparingingSun bakal tetep turun-tumurun.


Amarga iki kang wus kaundhangake dening Pangeran Yehuwah nganti tekan ing poncoting bumi! Wartakna marang putri Sion: Lah karahayonmu teka; lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha bareng kalawan Panjenengane, sarta kang wus dadi kagungane iku padha lumaku ana ing ngarsane.


Nanging wong iku meksa mbalela marang ratu ing Babil, nglakokake kongkonan menyang Mesir, supaya kabantonana jaran lan wadya-bala akeh. Apa bakal kelakon karepe? Apa wong kang mangkono pratingkahe iku bisa oncat? Apa wong kang mbubrah prajanjian iku bisa oncat?


Iya, wong mau pancen ngremehake sumpah lan mbubrah prajanjian. Lah ta sanadyan anggone saguh iku kalawan jawatan tangan, nanging kabeh mau padha katerak, mulane ora bisa oncat.


Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”


Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane: “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Barang Nabi Yokanan wis kacepeng, Gusti Yesus rawuh ing tanah Galilea, nggelarake Injiling Allah,


kadosdene ingkang sami kita tampeni saking tiyang-tiyang, ingkang wiwit sakawit sami nyumerepi piyambak lan sami dados paladosing Pangandika.


Panjenengane nukulake sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,


Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya.


Ananging kowe iya kudu padha dadi seksi, marga kowe padha nunggal karo Aku wiwit wiwitan mula.”


yaiku wiwit saka pambaptise Nabi Yokanan nganti tekan ing dina sumengkane Gusti Yesus menyang ing swarga, nilar aku kabeh, anaa siji kang diwuwuhake marang kita, supaya melu dadi seksi bab wungune.”


Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani.


Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”


yaiku bokmanawa aku bisa nenangi rasa kumeren sajroning batine para kadangku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa mitulungi rahayu marang panunggalane sawatara.


Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah?


Awit sarehne jagad sajroning kawicaksanane Gusti Allah ora wanuh marang Panjenengane kalawan kawasisane, mulane wus dadi keparenge Gusti Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabodhoaning pakabaran Injil.


Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya – mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani – mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.


Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan: “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.


Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.


Sawise nalika jaman biyen Gusti Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap warna-warna lumantar para nabi,


Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?


ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.


Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.


Marga saka iku, kita dipadha waspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep keri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremane isih tumindak.


Mulane luwih becik manawa kita mbudi-daya lumebu sajroning palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nyonto marang pambalela iku uga.


lan sawise nggayuh kasampurnane, Panjenengane dadi jalarane karahayon kang langgeng tumrap sakehing wong kang mituhu marang Panjenengane,


mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.


Kang wus ana ing wiwitan mula, kang wus padha dakrungu, kang wus padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wus dakwaspadakake, iya kang wus dakgrayang kalawan tanganku bab ing ngatase Sabdaning kauripan, yaiku kang dakwartakake marang kowe!


Nanging kowe iku, para kekasih, padha elinga marang pangandika kang dhek biyen wis kawedharake marang kowe kabeh dening para rasule Gusti Yesus Kristus.


Iku padha nguwuh kalawan swara seru: “Karahayon punika sayogya kadarbe ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing Sang Cempe!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan