IBRANI 2:2 - Kitab Sutji2 Sabab manawa pangandika kang kadhawuhake lumantar para malaekat iku tetep tumindak, sarta sarupane panerak lan pamurangsarak iku nampani piwales murwat, Faic an caibideil |
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.
Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalairake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.