Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 2:16 - Kitab Sutji

16 Jalaran satemene dudu para malaekat kang diwelasi dening Panjenengane, nanging trahe Rama Abraham.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 2:16
11 Iomraidhean Croise  

Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.”


Tetak iku pancen ana paedahe, manawa kowe temen-temen netepi angger-anggering Toret, nanging manawa kowe nerak angger-anggering Toret tetakmu iku tanpa guna.


Anadene kabeh prasetya iku kapangandikakake marang Rama Abraham lan marang turune. Panjenengane ora ngandika: “Marang turun-turune” kang kaya-kaya ateges wong akeh, nanging mung wong siji: “lan marang turunmu”, yaiku Sang Kristus.


Mangka yen kowe kagungane Sang Kristus, ateges kowe padha dadi trahing Rama Abraham lan padha dadi ahli waris miturut prasetya.


Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa bae kang kaanggep becik, nanging Panjenengane anggone matrapi kita iku murih becike, supaya kita kapanduman kasucene.


sarta kanthi patrap mangkono Panjenengane ngluwari wong-wong, kang sajege urip padha kawengku ing pangawulan marga saka wedine marang pati.


Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.


Mungguh manungsa iku anggone supaos demi kang luwih luhur sarta supata iku minangka pikukuhe, kang mungkasi sakehing padudon.


Panjenengane iku wus pinilih sadurunge jagad tinalesan, nanging marga saka kowe Panjenengane lagi mbabarake sarirane, besuk ing jaman wekasan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan