12 ature: “Asma Paduka badhe Kawula wartosaken dhateng para sadherek Kawula, saha Kawula badhe ngidungaken pangalembana dhumateng Paduka wonten ing satengahing pasamuwan.”
Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijik marang kanisthane wong kang katindhes, sarta ora ngaling-alingi wedanane, lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.
Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.
sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,