11 Jalaran Panjenengane kang nucekake, sarta kang padha kasucekake, iku asale saka Siji. Mulane Panjenengane iya ora lingsem nyebut sadulur marang wong-wong iku,
Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padha kandhanana, supaya padha menyanga ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.”
Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekat suci.”
Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.
supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitadosa, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.
Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”
Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.
Jalaran kita punika gesang wonten ing Panjenenganipun, kita ebah, kita wonten, kadosdene ingkang ugi sampun kapratelakaken dening para pujangga panjenengan: Sabab kita punika ugi sami trahipun Allah.
Marga kabeh wong kang wus kapilih wiwit ing sakawit dening Panjenengane, iku iya katamtokake wiwit ing sakawit dadi madha rupa citrane Kang Putra, supaya Kang Putra iku dadi pembayun ana ing antarane sadulur akeh.
Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.
Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane Panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panjenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati;
Mulane, heh para sadulur kang suci, kang padha oleh panduman timbalan kaswargan, padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni, iya iku Gusti Yesus,