Sira bakal bisa nggayuh apa kang sira karepake, manawa sira kalawan setya nindakake katetepan-katetepan lan pranatan-pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa tumrap wong Israel. Atinira disantosa lan ditatag, aja wedi lan aja giris.
Dene lah Ingsun kang nenangi wong Kasdim, bangsa kang ambek-siya lan cukat tandange, kang ndlajahi garis-garising lintang bumi, arep ngejegi papan padunungan kang dudu duweke.
Sira wus maregi awakira kalawan kanisthan minangka ijole kaurmatan. Mulane sira iya ngombea uga, lan lumakua kalawan gloyoran. Tuwung kang ana ing astane Sang Yehuwah kang tengen bakal marani sira, sarta kaluhuranira bakal kasasaban ing kanisthan.
Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”
Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.
Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.
Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra: “He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah, sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;
He, para kekasih, iki wis layang kang kapindho, kang daktulis marang kowe. Ana ing layang loro iku aku mbudidaya nenangi pangreten kang murni kalawan aweh pepeling-pepeling,