Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 13:8 - Kitab Sutji

8 Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 13:8
19 Iomraidhean Croise  

Rama Abraham ana ing Bersyeba mau nanem wit tamariska, sarta ngluhurake asmane Sang Yehuwah Allah kang sipat langgeng.


Nanging sih-susetyaning Pangeran Yehuwah, iku wiwit ing kalanggengan nganti tekan ing kalanggengan, tumrap para wong kang ngabekti marang Panjenengane, apadene kaadilane tumrap para anak-putune,


Saderengipun redi-redi kalairaken, sarta saderengipun Paduka nitahaken bumi lan jagad, wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah.


Amargi sewu taun punika wonten ing paningal Paduka, sami kados dinten wingi sasampunipun kapengker, inggih sami kados giliraning jagi ing wanci dalu.


Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”


Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh? Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa, Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe, tuwin tumrap para wong kang keri dhewe, Ingsun tetep Panjenengane iku uga.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.


Sanyata Ingsun iki Yehuwah kang ora owah-gingsir, dene sira, he bani Yakub, ora bakal sirna.


Awit Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah, kang wus dakwartakake ana ing antaramu, iya aku lan Silwanus sarta Timoteus, dudu “iya” lan “ora”, nanging kosokbaline ana ing Panjenengane iku kang ana mung “iya”.


Sabab Sang Kristus iku “iya” tumraping sakehe prasetyane Gusti Allah. Iya iku sababe anggon kita marga saka Panjenengane, banjur ngucap “Amin” minangka kamulyaning Allah.


saha badhe Paduka gulung kados jubah, saha sami badhe kasantunan kados pangangge, nanging Paduka punika lestantun sami, saha taun Paduka badhe tanpa wates.”


Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.


Gusti Allah kang sawiji, Pamarta kita, marga dening Gusti Yesus Kristus Gusti kita, iku kang sayogya kagungan kamulyan, kaluhuran, kasantosan sarta panguwaos, sadurunge dumadine jaman lan saiki sarta nganti salawase. Amin.


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan