IBRANI 13:5 - Kitab Sutji5 Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.” Faic an caibideil |
Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.
Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.
ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”