Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 13:4 - Kitab Sutji

4 Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 13:4
33 Iomraidhean Croise  

Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.


Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.


Imam Agung Hilkia, Ahikam, Akhbor, Sang Safan lan Asaya banjur padha tindak manggihi nabi-wanita, yaiku nabi Hulda, garwane Sang Salum bin Tikwa bin Harhas, abdi-dalem reksa-busana. Nabi iku dedalem ana ing Yerusalem, ing pekampungan anyar. Para utusan padha mratelakake preluning kautus.


Iku sanyatane geni kang memangsa nganti entek, sarta nggesengake kabeh pametuku.


Sawuse mangkono aku tumuli nyedhaki bojoku; dheweke banjur ngandheg lan nglairake anak lanang. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Iki jenengna: Maher-Syalal Khasy-Bas,


Mangkono uga wong wadon manawa awor turu karo wong lanang kang mangkono mau, karo-karone padha adusa lan bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.


Sira aja awor turu karo somahe pepadhanira, temah dadi najis sakarone.


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa liyane kang dilakoni ing wong iku tumindake sajabaning badane. Nanging wong kang laku jina iku ateges dosa marang badane dhewe.


Utawa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa panduman warisan Kratoning Allah? Aja padha kesasar. Wong kang laku jina, nyembah brahala, laku bedhang, dadi gemblak, laku jindik,


Dadi wong kang omah-omah karo prawane, iku tumindak becik, dene kang ora omah-omah karo prawane, iku tumindak luwih becik.


Apa aku ora duwe wewenang ngajak wong wadon Kristen minangka somah ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyane lan para sadhereke Gusti apadene Kefas?


Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.


Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,


drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake – kaya kang wus daktindakake biyen – manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.


Awit padha dieling temenan bab iki: ora bakal wong kang laku jina, wong kang najis utawa wong kang kebak kamurkan, yaiku kang nyembah brahala, oleh panduman ana ing kratoning Sang Kristus lan Gusti Allah.


Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


apamaneh ing bab iki wong aja tumindak ora becik utawa ngapusi sadulure. Amarga Pangeran iku kang bakal malesake iku kabeh, kaya kang wus padha dakkandhakake lan daktandhesake marang kowe.


Juru pamulasara iku kudu kang arabi siji sarta kang prayoga anggone ngurus anak-anake lan brayate.


Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,


dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.


kang menging jejodhoan, akon nyirik bangsane pangan, kang katitahake dening Gusti Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur dening para wong kang pracaya lan kang wus wanuh marang kayekten.


Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.


yaiku para wong kang tanpa cacad, arabi siji, kang anak-anake padha laku pracaya lan ora bisa ditarka uripe ora pantes tuwin ora tumata.


Aja ana kang laku jina utawa kang nduweni pepenginan kang asor kaya Esau, kang ngedol wewenange dadi pambarep diurupake pangan sapiring.


Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan