Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 13:2 - Kitab Sutji

2 Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 13:2
21 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngatingal marang Rama Abraham ana ing sacedhake wit tarbantin ing Mamre, nalika pinuju lenggahan ana ing lawanganing tarube wayah awan mbeneri panas gumemplang.


Ing wayah sore malaekat loro mau padha rawuh ing Sodom, Lut mbeneri linggihan ana ing gapurane Sodom; bareng Lut weruh malaekat mau, banjur methukake lan sumungkem ing bumi,


Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak menyang ing desa Sunem. Ing kono ana wong wadon sugih kang ngaturi rawuh dhahar marang panjenengane. Lan kaping pira bae anggone tindak langkung ing kono, panjenengane mesthi mampir dhahar.


manawa aku weruh wong mati marga tanpa sandhangan, utawa wong miskin kang ora duwe kemul,


malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba, lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! –


manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwen sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma, lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggon tuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!


Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban;


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


nalika Ingsun lelana, sira ora nyaosi palereban; nalika Ingsun gerah, lan ana ing pakunjaran, sira ora sowan.


Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.


Padha mitulungana ing kekuranganing para suci, sarta padha merlokna aweh pamondhokan!


Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita. (


Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,


lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: nggulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.


nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri


Sing padha seneng pondhok-pinondhokan ora nganggo nggrundel.


He, sadulurku kang kekasih, kowe tumindak ngetrepi anggonmu dadi wong pracaya, samangsa kowe nindakake samubarang tumrap para sadulur, sanadyan iku padha wong liya bangsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan