Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 12:4 - Kitab Sutji

4 Anggonmu perang nanggulangi dosa iku durung nganti padha ngwutahake getih.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 12:4
12 Iomraidhean Croise  

Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.


Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.


Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib.


Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.


Awit saka iku, lah payo padha sowan Panjenengane ana ing sajabane pakuwon sarta nglabuhi kanisthane.


Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.


Anadene aku weruh wong wadon mau mendem getihe para suci lan para seksine Gusti Yesus. Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.


Sarta ing kutha iku tinemu getihe para nabi lan para suci, apadene getihe sakehe wong kang padha kapatenan ana ing bumi.


Ingsun ngudaneni ana ing ngendi panggonanira, iya iku ing panggonane dhampare Iblis; ewadene sira ngugemi asmaningSun, sarta ora nyelaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamane Antipas, seksiningSun, kang setya marang Ingsun kang dipateni ana ing ngarepira, ing padunungane Iblis.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan