Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 12:2 - Kitab Sutji

2 Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 12:2
78 Iomraidhean Croise  

Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”


Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula! Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun. Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka.


Bilai para wong kang lunga menyang ing tanah Mesir njaluk tulung, kang ngandelake marang jaran, kang pracaya marang kretane kang akeh banget, lan marang bala jaranan kang cacahe akeh banget, nanging ora tumenga marng Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan ora nggoleki Pangeran Yehuwah.


Padha sowana marang ing ngarsaningSun supaya sira padha kaparingan slamet, he poncot-poncoting bumi! Sabab iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane.


Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.


Lan aku arep nganti-anti marang Sang Yehuwah kang ngaling-alingi wedanane marang gelengan turune Rama Yakub; aku arep ngarep-arep marang Panjenegane.


Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah, nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku, Allahku mesthi bakal nyembadani aku!


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.


Wiwit nalika iku Gusti Yesus wiwit paring pitedah marang para sakabate, yen Panjenengane kudu tindak menyang Yerusalem, lan bakal nandhang kasangsaran pirang-pirang marga saka panggawene para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Toret sarta banjur disedani, lan ing telung dinane kawungokake.


Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”


Ature: “Dhuh Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.”


Iya iku kayektenane tulisan kang mangkene: “Panjenengane kaetang awor kalawan wong durjana.”]


Sawise ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakake menyang ing swarga lan lenggah ing satengene Gusti Allah.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisik prelu mbangun samubarang kabeh. Mung bae, kapriye dene kok ana tulisan kang mratelakake, yen Putraning Manungsa bakal nandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah?


Bapakne bocah mau banjur matur sora: “Kula pitados, mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!”


Para rasul nuli munjuk marang Gusti: “Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”


Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus.


Sang Kristus apa ora pinasthi nandhang iku mau kabeh, banjur lumebet ing kamulyane?”


Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.


Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh.


dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.”


Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.


Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”


Rama Abraham leluhurmu rena panggalihe dene bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus nguningani sarta ndadekake bingahe.”


Awit saking punika rakyat Israel sadaya kedah mangretos kalayan saestu, bilih Gusti Allah sampun njumenengaken Gusti Yesus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus.”


Margi saking makaten punika, dados panjenengan nyedani Panjenenganipun ingkang dados Panuntuning gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.


Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.


Para rasul padha mundur saka ing ngarsane Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yesus.


Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.


balik aku padha martakake Sang Kristus kang sinalib: mungguhing wong Yahudi dadi sandhungan lan tumrap kang dudu wong Yahudi dadi kabodhoan,


lan kanggo ngrukunake sakaro-karone, ana ing badan siji, karo Gusti Allah srana salib, kanthi ngilangake sesatron kang ana ing salib iku.


lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.


Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.


Sabab kita iki wargane Kratoning Swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang dadi Juru Slamet,


Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.


Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhi mangkene: “Lungguha ana ing tengeningSun, nganti mungsuh-mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira?”


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Sabab srana kurban siji bae Panjenengane wus damel sampurnane para kang kasucekake ing salawas-lawase.


iya nalika kowe padha kagawe tontonan anggonmu diwewada sarta dianiaya, iya nalika nglabuhi marang wong kang padha digawe kaya mangkono mau.


Ana maneh kang dipoyoki sarta disapu, malah ana kang dibanda sarta dikunjara.


Padha tansah elinga marang Panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa kang nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti padha lesu sarta semplah.


Awit saka iku, lah payo padha sowan Panjenengane ana ing sajabane pakuwon sarta nglabuhi kanisthane.


lan sawise nggayuh kasampurnane, Panjenengane dadi jalarane karahayon kang langgeng tumrap sakehing wong kang mituhu marang Panjenengane,


– sabab angger-anggering Toret iku babar pisan ora nggawa kasampurnan – nanging saiki kathukulake pangarep-arep kang luwih prayoga, kang nyaketake kita kalawan Gusti Allah.


Wose apa kang kita rembug iku mangkene: kita padha duwe Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengene dhampare kang Mahaagung ing swarga,


mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.


He para sadulurku, sarehne kowe kabeh iku wong kang pracaya marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya, anggonmu ngetrapake pracayamu aja nganggo mawang wong.


Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sarta bab sakehing kamulyan ing sawise iku.


Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,


kang lenggah ing tengening Allah sawise sumengka menyang ing swarga, sawise sakehing malaekat, para panguwasa sarta para pamisesa ditelukake marang Panjenengane.


Padha rumeksaa marang awakmu dhewe mangkono, ana ing sajroning sihe Gusti Allah, kalawan nganti-anti marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, tumuju ing urip langgeng.


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika: “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,


“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan