Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 11:9 - Kitab Sutji

9 Marga saka pracaya iku panjenengane manggen ing tanah kang kaprasetyakake kaya-kaya ana ing tanah ngamanca sarta ana ing kono panjenengane dedalem ana ing tarub karo Iskak lan Yakub, kang padha ndherek dadi ahli warise tunggal prasetya iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 11:9
22 Iomraidhean Croise  

Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.


Rama Abram nuli mbedholi tarube kabekta tindak, wasana manggen ing cedhak alas tarbantin ing Mamre caket karo Hebron, ana ing kono banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah.


Saka ing Negeb tindake kendal-kendel ing palereban nganti tekan ing sacedhake Betel; ing panggonan tancebe tarube kang dhisik, ana ing antarane Betel lan Ai,


Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”


Rama Abraham tumuli enggal-enggal menyang tarube nemoni Ibu Sara, sarta ngandika: “Dienggal njupuka glepung alus telung taker, endang uleten gawenen roti bunder!”


Tamune tumuli ngandika: “Sara somahira ana ing ngendi?” Unjuke Rama Abraham: “Wonten ing lebet tarub.”


Rama Abraham anggone manggen neneka ana ing tanahe wong Filisti iku nganti antara lawas.


“Kula punika tiyang ngamanca saha neneka wonten ing antawis panjenengan, keparenga kula nggadhahi pakuburan pamijen wonten ing tanah panjenengan punika, supados kula saged ngeteraken lan ngubur semah kula, ingkang tilar donya punika.”


Putra loro mau saya gedhe: Esap dadi wong kang pinter mbebedhag, ambah-ambahane ing ara-ara, nanging Yakub iku wong kang jatmika pambekane, kang jenjem ana ing tarub.


Muga kowe diparingana berkah kang kanggo Rama Abraham, iya kowe dalah turunmu, temah kowe bisa nduweni tanah iki, iya kang kokenggoni kayadene wong neneka, kang wus diparingake Gusti Allah marang Rama Abraham.”


Nalika Pak Laban wus bisa nututi Yakub, Yakub bus nancebake tarube ana ing pagunungan; dene Pak Laban karo sanak kadange iya banjur padha nancebake tarube ana ing pagunungan Gilead.


Yakub banjur sowan ing ngarsane kang Rama Iskak, ana Mamre ing sacedhake Kiryat-Arba, iya iku Hebron, panggonan palerebane Rama Abraham lan Rama Iskak anggone padha dadi wong neneka.


Marga raja-darbeke sakaro-karone iku akeh banget, njalari ora bisa awor pamanggone, tanah pamanggone neneka iku ora nyukupi awit saka kehing raja-kayane.


Unjuke Rama Yakub marang Sang Prabu Pringon: “Etanging taun-taun anggen kawula nglembara dados tiyang neneka punika satus tigang dasa taun. Cacahing taunipun gesang kawula namung sakedhik, nanging kathah karibedanipun; boten saged nututi umuripun para leluhur kawula ing nalikanipun sami nglembara dados tiyang neneka.”


Nalika cacahe durung sapiraa, mung sethithik, tur dadi wong ngamanca ana ing kono.


aja gawe omah, aja nyebar wiji, aja gawe lan nduweni kebon anggur, nanging padha manggona ing kemah-kemah ing salawase urip, supaya kowe dawa umurmu ana ing tanah, kang kokenggoni dadi wong neneka!


Marga saka iku luwih ngyakinake marang wong-wong kang nduweni hak nampani prasetya iku ing bab teteping putusane, Gusti Allah wus nanggel kanthi supaos,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan