Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 11:4 - Kitab Sutji

4 Marga saka pracaya Habel wus nyaosake kurban marang Gusti Allah kang luwih becik katimbang kurbane Kain. Marga saka iku banjur kaseksenan manawa wong bener, amarga pisungsunge ndadekake keparenge Gusti Allah sarta jalaran saka pracaya isih bisa ngucap sawise mati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 11:4
21 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Yehuwah: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni? Getihe adhinira Abel sesambat marang Ingsun saka bumi.


Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Babar pisan ora! Sapa kang mateni Kain, bakal kawales tikel pitu.” Kain tumuli diparingi tenger dening Sang Yehuwah supaya aja nganti dipateni dening sapa bae kang mrangguli.


Anadene Bapa Adam wus sapaturon karo bojone maneh, iku banjur nglairake anak lanang kang dijenengake Set, sabab pangucape: “Gusti Allah wus maringi anak lanang liyane minangka sasulihe Abel, marga iku wus dipateni Kain.”


Kain banjur tutur marang Abel adhine: “Payo padha menyang ara-ara kana.” Nanging bareng tekan ing ara-ara, Kain banjur ngepruk Abel adhine sarta dipateni.


Ing kono genining Sang Yehuwah banjur tumurun lan nyamber kurban obaran, kayu-bong, watu lan lemahe nganti entek gusis, malah banyu ing kalenane uga asat kadilat ing geni mau.


Para leluhur mau rak sing kudu mulang lan pratela marang kowe, tuwin nglairake tetembungan kang metu saka ing atine.


Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.


Kurban sesaosane wong duraka iku jember, luwih maneh manawa anggone nyaosake kanthi sedya ala.


lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.


supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah.


wiwit saka getihe Habel nganti getihe Zakharia, kang kapatenan ana ing antarane misbyah lan Padalemaning Allah. Malah Aku pitutur ing kowe: Jinis iki mesthi bakal katempuhake.


Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


Awit iya marga saka pracaya iku para leluhur kita wus kaparingan paseksen.


Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.


sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjian kang anyar, lan karo rah pangepyuran kang wicarane luwih cetha tinimbang karo getihe Habel.


Awitdene saben imam agung, kang kapiji saka ing antarane manungsa, iku katetepake kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Gusti Allah, supaya nyaosake pisungsung sarta kurban tumrap dosa.


Sarta manut angger-anggering Toret meh samubarang kabeh karesikake srana getih sarta ora ana pangapura manawa tanpa wutahing getih.


– jalaran wong mursid iku manggon ing satengahe wong-wong mau sarta ing sadina-dina sumurup lan krungu pratingkah-pratingkahe kang mblasar iku satemah atine kang mursid iku kaya kasiksa –


Bilai wong-wong iku, sabab padha nulad lakune Kain lan nyemplung ing panasarane Bileam, marga saka mburu opah, sarta padha tumpes, marga saka anggone mbalela kayadene Korakh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan