Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 11:3 - Kitab Sutji

3 Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 11:3
17 Iomraidhean Croise  

Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi.


Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah, sakehing balane dening napasing lesane.


Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.


Mripatmu arahna marang ing langit lan delengen: sapa kang nitahake sakehing lintang iku tuwin ndhawuhi metu sakehing wadya-balane kalawan nimbali jenenge iku kabeh? Siji bae ora ana kang ora sowan, amarga Panjenengane iku Mahakwaos lan Maha-santosa.


Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene: “Para allah kang ora nitahake langit lan bumi iku bakal sirna saka ing bumi lan saka ing sangisoring langit iki.”


Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane, amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh, lan Israel iku uamt kagungane, asmane yaiku Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.


Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening Sang Sabda.


“Para sadherek, kadospundi dene panjenengan kok sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdene panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilara tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.


Gusti Allah ingkang nitahaken jagad saisinipun sadaya punika, sarehning jumeneng Pangeraning langit lan bumi, pramila boten dumunung wonten ing dalem damelaning manungsa,


iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” – ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.


Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita.


amarga iku kabeh wus kasucekake dening pangandikane Gusti Allah lan dening pandonga.


ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.


kang wus tau ngrasakake peparinging kaswargan sarta kang wus tau kapanduman Roh Suci, lan kang wus ngrasakake pangandikane Gusti Allah kang utama sarta dayane jagad kang bakal kalakon,


Wong-wong iku njarag ora kapengin weruh, manawa marga saka sabdaning Allah wiwit biyen mula wis ana langit sarta ana bumi, kang dumadine saka banyu sarta srana banyu.


“Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan