Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 11:1 - Kitab Sutji

1 Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta cihnaning samubarang kang ora katon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 11:1
24 Iomraidhean Croise  

Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah ana ing bumining wong urip!


Tiyang ingkang nenacad kawula punika, kados nuwek-nuweka balung kawula, sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten: “Allahmu ana ing ngendi?”


aku tansah ngyakinake marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobata marang Gusti Allah sarta padha pracayaa marang Gusti kita Yesus Kristus.


Dadine kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhewe ing antarane iku, yaiku: katresnan.


Apa kang dakkandhakake, iku anggonku ngandhakake ora kaya wong kang calathu manut pangandikaning Allah, nanging kayadene wong kang tanpa budi, kang nduweni kayektenan manawa bisa ngalembana.


Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.


Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.


sabab urip kita iki sarana pracaya, ora sarana ndeleng –


supaya, manawa wong-wong Makedhonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabeh – supaya ora ngarani kowe kabeh – rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku.


Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.


Saka Paulus, abdining Allah lan rasule Gusti Yesus Kristus, manut pracayaning para pepilihane Gusti Allah sarta pangawruhing kayekten, kang laras karo pangibadah kita,


Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


Balik mungguh kita iki dudu panunggalane wong-wong kang mundur sarta nemahi karusakan, nanging kang padha pracaya lan kang kapitulungan nyawane.


Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.


Marga saka pracaya mulane banjur nilar tanah Mesir, ora ajrih marang dukane Sang Prabu, awit tansah mantep mbetahake prasasat mirsani apa kang ora katon.


Marga saka pracaya Rama Nuh – kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan – kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.


kapriye anggon kita akal oncat, manawa kita ora maelu marang karahayon kang samono gedhene iku, kang wiwitane diundhangake marang kita dening Gusti, lan dening kang padha ngrungokake kalawan patrap kang kena dipracaya,


Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.


ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.


supaya kowe aja padha sungkanan, nanging padha nulada marang wong kang awit saka pracaya lan sabar mantep padha oleh panduman apa kang wus kaprasetyakake dening Gusti Allah.


Saka Simon Petrus, abdi sarta rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha kaparingan pracaya nunggal karo aku kabeh, marga dening kaadilaning Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan