Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 10:6 - Kitab Sutji

6 Kurban obaran saha kurban pambirating dosa boten ndadosaken kepareng Paduka.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 10:6
9 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane, lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmane.


Dhuh Yehuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken, pakaryan Paduka ingkang elok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya, boten wonten ingkang saged kajejeraken kaliyan Paduka. Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken, nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun.


Upama anaa salah sijine panunggalanira kang gelem ngancing lawang, supaya aja nganti sira nyumed geni ana ing misbyahingSun tanpa guna. Sira ora padha ndadekake keparenging galihingSun – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta pisungsung kang saka ing tanganira Ingsun ora karsa nampeni.


Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”


lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.


Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.


Sabab mokal manawa getihing sapi lanang utawa getihing wedhus lanang bisa mbirat dosa.


Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan