Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 10:5 - Kitab Sutji

5 Mulane nalika Panjenengane rawuh ing jagad, matur: “Kurban saha pisungsung boten Paduka karsakaken – nanging Paduka sampun nyawisaken badan dhateng Kawula –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 10:5
26 Iomraidhean Croise  

Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”


“Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “Ingsun wus jeleh marng kurban obaran kang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon; getihe sapi lanang lan wedhus gembel sarta wedhus lanang ora Sunrenani.


Libanon iku ora cukup manawa kanggo kayu dang lan satokewane ora cukup manawa kanggo kurban obaran.


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


He bocah wadon kang wangkot, isih pira suwene anggonira monga-mangu? Amarga Sang Yehuwah nitahake kang anyar ana ing bumi: wong wadon ngrangkul wong lanang.”


Apa paedahe tumrap Ingsun sira nggawa dupa saka Syeba lan tebu kang becik saka ing nagara kang adoh? Ingsun ora karenan marang kurbanira obaran, lan kurbanira sembelehan ora ndadekake keparenging galihingSun.


banjur ngutus sakabate ndikakake munjuk marang Panjenengane mangkene: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?”


Paring wangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.


banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika: “Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”


Iya marga karsane iki, kita wus disucekake sapisan kanggo salawas-lawase srana kurban sarirane Gusti Yesus Kristus.


Kawula lajeng munjuk: Lah punika Kawula sowan; ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipun bab Kawula supados nglampahi karsa Paduka, dhuh Gusti Allah Kawula.”


Sakawit Panjenengane matur: “Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami boten Paduka karsakaken sarta boten ndadosaken kepareng Paduka.” – sanadyan kapisungsungaken manut angger-anggering Toret –.


Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane Panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panjenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati;


Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.


Jalaran saben Imam Agung kapatah nyaosake kurban sarta pisungsung, mulane Gusti Yesus uga prelu kagungan kang dipisungsungake.


Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


Awit wus akeh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kang ora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan Anti-Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan