Wong wadon iku nuli matur marang Nabi Elia: “Punapa ta karsa panjenengan rawuh ing ngriki punika, dhuh abdining Allah? Anggen panjenengan mriki punika punapa prelu ngengetaken dhateng kalepatan kula saha badhe damel pejahipun anak kula?”
Setaun sapisan Harun nindakake panebus ana ing sungu-sungune misbyah iku, nganggo getihe kurban pangruwating dosa, anggone nindakake panebus tumrap misbyah iku saben setaun sapisan ana ing antaranira nganti turun-tumurun, iku prakara kang suci pinunjul kagem Pangeran Yehuwah.”
Iku dadia pranatan ing salawase tumrap sira, supaya setaun sepisan kaanakna karukunan kanggo wong Israel marga saka sakehe dosane.” Imam Harun tumuli nglakoni kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa mau.
nanging tarub kang kapindho iku mung dilebeti dening Imam Agung piyambak sataun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kasaosake marga saka sarirane piyambak sarta marga saka panerak-panerake umate kang ora kajarag.