Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 10:1 - Kitab Sutji

1 Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe. Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong kang padha nindakake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 10:1
13 Iomraidhean Croise  

Kurbane obaran banjur dikon ngajokake menyang ing misbyah, lan kaolah miturut pranatan.


Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,


Sabab iku kabeh mung dadi wewayangane apa kang bakal kalakon, mangka wujude yaiku Gusti Kristus.


Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


Marga saka iku, saupama kaimamane Lewi wis ngolehake kasampurnan – jalaran marga kaimaman iku, umat Israel wis tampa Toret – apa sababe dene isih ana Imam Agung liyane kang katetepake manut tatane Sang Melkisedhek sarta ora kasebut manut tatane Imam Agung Harun?


Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”


Balik Gusti Kristus wus rawuh jumeneng Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kang bakal kalakon. Panjenengane wus nglangkungi tarub kang luwih gedhe sarta kang luwih sampurna kang ora kayasa dening tanganing manungsa, – tegese dudu panunggalane kang tumitah iki –,


Dadi gegambarane samubarang kabeh kang ana ing swarga iku kudu kasucekake kalawan patrap mangkono iku, nanging barang-barang kaswargan dhewe kasucekake srana kurban kang luwih becik tinimbang iku.


Sarta Panjenengane ora mlebet prelu bola-bali ngurbanake sarirane piyambak, kayadene Imam Agung kang saben taun lumebet ing pasucen ngasta getih kang dudu rahe piyambak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan