IBRANI 1:9 - Kitab Sutji9 “Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka, pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.” Faic an caibideil |
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,
inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.
Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.