Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 1:4 - Kitab Sutji

4 kaluhurane banget anggone ngungkuli para malaekat, padha kaya pinunjuling asma kang wus kaparingake marang Panjenengane kang uga banget anggone ngungkuli endahing jenenge para malaekat mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 1:4
11 Iomraidhean Croise  

banget anggone ngungkuli luhure sakehing pamarentah lan panguwasa sarta pamisesa tuwin karajan lan sadhengaha jeneng kang kena sinebut, ora ngamungake ana ing donya iki bae, nanging uga ing jaman kang bakal kalakon.


Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.


lan kowe wus padha kapenuhan ana ing Panjenengane, kang jumeneng sesirahe sarupaning pamarentah lan panguwasa.


sarta amrih leganing atimu kang padha ditindhes, lan uga tumrap marang aku kabeh, samangsa Gusti Yesus saka ing swarga ngatingal ginarebeg ing para malaekate, ngagem panguwasane, ing sajroning geni kang murub makantar-kantar,


“Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka, pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.”


Jalaran kowe padha sumurup, manawa sawuse mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora oleh wewengan kanggo ndandani kaluputane, sanadyan anggone ngupaya kanthi mbrebes mili.


Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.


kang lenggah ing tengening Allah sawise sumengka menyang ing swarga, sawise sakehing malaekat, para panguwasa sarta para pamisesa ditelukake marang Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan