IBRANI 1:2 - Kitab Sutji2 ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar. Faic an caibideil |
Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake langit, – iya Panjenengane iku Gusti Allah – kang karya bumi lan kang yasa sarta kang nyantosakake iku, – apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake, nanging iku katitahake supaya dienggoni –: “Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.
Sira mangkat nglawan umatingSun Israel kayadene mendhung kang nutupi salumahing bumi. Ing dina kang wekasan iku bakal kelakon lan Ingsun bakal ngirid sira nglawan marang tanahingSun, supaya para bangsa padha wanuh marang Ingsun, yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing ngarepe, heh, Gog.
Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten:
Marga aku ngerti, besuk sangajalku, kowe bakal padha tumindak rusuh, lan bakal nyleweng saka ing dalan kang wus dakprentahake marang kowe; mulane ing tembe kowe bakal padha katempuh ing bilai, manawa kowe padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, lan gawe gerahe panggalihe awit saka gegaweane tanganmu.”