Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 1:13 - Kitab Sutji

13 Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhi mangkene: “Lungguha ana ing tengeningSun, nganti mungsuh-mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 1:13
16 Iomraidhean Croise  

Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”


Mungsuhe bakal padha Sunanggoni sandhangan kang kebak kawirangan, nanging Dawud iku bakal nganggo makutha kang mencorong.”


Pangeran wis dhawuh marang Gustiku: Sira linggiha ana ing tengeningSun, nganti sakabehing mungsuhira wis Sunselehake ing sangisoring tlapakanira.


Mangka Sang Prabu Dawud piyambak marga saka katuntun dening Roh Suci ngandika mangkene: Dhawuhe Pangeran marang Gustiku: Sira lenggaha ing tengeningSun, nganti kabeh mungsuhira wus padha Sunselehake ing sangisoring tlapakanira.


Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”


mangka Sang Prabu Dawud piyambak ana ing Kitab Masmur ngandika mangkene: Dhawuhe Pangeran marang Gustiku: Sira lenggaha ana ing tengeningSun,


Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Bareng ratu mau wus padha digawa metu kaladekake marang ing ngarsane Senapati Yusak, Sang Senapati banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta dhawuh marang para tetindhihe prajurit kang wus ndherek perang: “Padha majua, tlapakanmu ancikna ing githoke para ratu iki.” Para tetindhih nuli padha maju lan ngancikake tlapakane ana ing githoke para ratu iku.


Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan