Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 9:3 - Kitab Sutji

3 Bakal padha ora lestari manggon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah, nanging Efraim kudu bali menyang Mesir, sarta ana ing tanah Asyur bakal padha mangan kang karam.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 9:3
24 Iomraidhean Croise  

wong Israel bakal Sunsirnakake saka ing tanah kang wus Sunparingake, tuwin padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iku bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun; ing kono Israel bakal dadi pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehe para bangsa.


Ing taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, Sang Nata ing Asyur ngejegi Samaria. Wong Israel padha diboyongi menyang ing Asyur, menyang ing pambuwangan, padha didhawuhi manggon ana ing Halah, ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline nagara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai.


Mulane kaluputan lan dosane bakal Sunukum tikel loro, amarga padha njemberake nagaraningSun klawan bangke-bangkening para dewa, kang ngregedi lan ngebaki tanahingSun klawan pokale kang rusuh.”


Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh, supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabeh kang becik saka ing kono. Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.


Kawula sampun sami ngathungaken tangan dhateng tiyang Mesir, saha dhateng tiyang Asyur, supados sageda nedha tuwuk.


Pangeran Yehuwah nuli ngandika maneh: “Wong Israel bakal Sunbuwang menyang ing satengahing bangsa-bangsa lan kalawan mangkono bakal mangan rotine ana ing kana kalawan najis.”


Anadene Dhaniel mutus ora bakal najisake awak kalawan dhaharane Sang Prabu sarta anggur kang adate diunjuk dening Sang Prabu, mulane nyuwun marang kepalaning punggawa kraton mau, supaya ora usah najisake awake.


kaya manuk kang teka saka ing tanah Mesir kalawan gumeter, lan kaya manuk dara saka ing tanah Asyur, sarta bakal padha Sunpapanake ana ing omahe dhewe-dhewe, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Wong-wong iku kudu padha bali menyang tanah Mesir, sarta Asyur kang bakal dadi ratune, marga padha ora gelem mratobat.


Efraim wus kaya manuk dara kang bodho, tanpa pangreten, yaiku anggone njaluk tulung marang Mesir, lan anggone marani Asyur.


Padha mbalik marani Baal, lan padha kaya gandhewa kang cidra, para panggedhene bakal padha tiwas dening pedhang, marga saka tembunge kang kasar. Yaiku kang bakal dadi jalarane anggone bakal padha dipoyoki ana ing tanah Mesir.


Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!


Sabab sanadyan padha oncat saka ing karusakan, bakal diklumpukake ana ing tanah Mesir lan Memfis bakal ngubur wong-wong mau; barang-barange kang arupa salaka kang akeh ajine bakal katutupan suket, lan tarube padha kathukulan lateng.


supaya sira aja nganti padha dilepeh dening nagara iku, samangsa sira ndadekake najis, kaya anggone wus nglepeh bangsa kang ndhingini sira.


Kang iku sira padha nggatekna sakehe pranataningSun lan sakehe katetepaningSun, sarta iku padha sira estokna, supaya tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira kang supaya sira enggoni iku, aja nganti nglepeh marang sira.


“Tanah aja diedol salawase, awitdene tanah iku kagunganingSun, lan sira iku padha dadi wong manca, kang neneka tumrap Ingsun.


Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Somahira bakal dadi wanita tunasusila ana ing kutha, lan anak-anakmu lanang lan wadon bakal padha mati dening pedhang; tanahmu bakal kaedum-edum srana tali ukuran, sarta sira dhewe bakal mati ana ing tanah kang najis, tuwin Israel mesthi bakal kalungakake saka ing tanahe lan dadi wong buwangan.”


Ngadega, budhala, awit ing kene iki dudu papan palereman kanggo sira! Marga saka kanajisan sira banjur bakal padha ketaman ing karusakan, malah karusakan kang ora kena dipulihake.


Nanging Petrus munjuk: “Boten Gusti, boten, sabab kawula dereng nate nedha punapa-punapa ingkang karam saha najis.”


Padha kaya ing maune Sang Yehuwah karenan ing galih nyaeni nangkar-nangkarake marang kowe, iya kaya mangkono Sang Yehuwah anggone karenan ing galih ngrusak lan numpes marang kowe, temah kowe bakal karubuhake saka ing tanah kang lagi kokparani bakal kokenggoni.


Sang Yehuwah bakal mangsulake kowe menyang ing tanah Mesir kalawan nunggang prau, metu ing dalan kang wus Sunpangandikakake marang sira: Sira ora bakal ndeleng iku maneh. Ana ing kono sira bakal nawakake awakira marang mungsuhmu dadi batur tukon lanang lan wadon, nanging bakal ora ana kang tuku.”


ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.


Nanging padha kaya dene sakehing prakara kang becik kang wus kajanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu iku kabeh wus kelakon, mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nekakake marang kowe sakehing prakara kang ora becik, nganti kowe padha katumpes kasirnakake saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan