Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 8:2 - Kitab Sutji

2 Padha sesambat marang Ingsun: “Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 8:2
14 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.


Mung bae Sang Prabu Yehu ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur padha nglakoni dosa, yaiku dosa ndedewa pedhet emas kang ana ing Betel lan ing Dhan.


Aja pracaya marang tembung goroh, kang mangkene: Iki Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah,


Ingsun bakal kondur menyang ing padalemaningSun, nganti wong-wong iku padha ngaku luput lan ngupaya wadananingSun. Ing sajroning karupekane padha kangen marang Ingsun:


Israel wus mbuwang kang becik, mulane kareben kaburu dening mungsuh!


Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!”


Sawise mangkono prawan-prawan liyane iya teka lan matur: Bandara, bandara, kawula nyuwun kori!


Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.


Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.


Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


Sing sapa duwe ujar: “Aku wanuh karo Panjenengane,” mangka ora netepi ing pepakone, iku wong goroh lan ora kadunungan kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan