HOSEA 8:1 - Kitab Sutji1 Ngunekna kalasangka! Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha; mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun, lan mbangkang marang angger-anggeringSun. Faic an caibideil |
Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika: “Pucuking saka iku gandhenen kang seru supaya undhak-undhakane horeg, padha jugrugna marang sirahe wong akeh, lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia, lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat.
Nanging wangsulane priyagung juru pangunjukan: “Punapa anggenipun gusti kula ngutus kula namung supados namung rembagan kaliyan gusti sampeyan lan kaliyan sampeyan kemawon? Rak inggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nglesod wonten ing nginggil balowarti punapa, ingkang sami nedha tinjanipun lan ngombe uyuhipun sesarengan kaliyan sampeyan sadaya punika, ta?”