Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 7:3 - Kitab Sutji

3 Pialane iku ndadekake senenging ratune, lan pakartine kang goroh ndadekake bungahe para panggedhe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 7:3
16 Iomraidhean Croise  

Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”


Sang Prabu ing Israel nuli ngempalake para nabi, cacahe kira-kira ana patang atus, iku nuli padha didangu: “Apa ingsun kena mangkat perang nglawan Ramot-Gilead apa becik sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak! Pangeran badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”


Wonten ing pundi para nabi panjenengan dalem ingkang sampun meca, bilih ratu ing Babil boten badhe nempuh perang nglawan panjenengan dalem saha nagari punika?


Para nabi nglairake pameca palsu, para imam mulang sakarep-karepe, lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku! Nanging apa kang bakal sira lakoni samangsa wus tekan ing wekasane?


Saupama aku duwe pamondhokan ana ing ara-ara samun, kanggo wong kang lagi lelana, aku mesthi bakal lunga sumingkir ninggal bangsaku! Awit iku kabeh wong kang laku jina, golonganing wong kang ora setya.


Sira wus padha mluku kadurakan, kaculikan kang sira undhuh, sarta sira wus padha mangan wohing doracara, marga sira wus padha ngendelake ratanira, apadene kehing prawiranira.


Kang ana mung ipat-ipat, goroh, memateni sarta nyenyolong, laku jina, nglakoni pangroda-peksa, lan ngwutahake getih tanpa kendhat.


Efraim wus katindhes, karemuk dening paukuman, awit kenceng anggone ngenut kang tanpa guna.


Ing dina pahargyane ratu kita, padha gawe larane para panggedhe kalawan sumuking anggur; ratu iku sekuthon karo wong kang ambek memoyok.


Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi, sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru, apadene rancangane kang sira tindakake: satemah sira Sundadekake samun, lan para wongira Sundadekake poyokan; kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.”


Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak-enggokake.


Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


Wong iku asale padha saka ing jagad, mulane kang diucapake iku iya prakara kadonyan, lan jagad iku ngrungokake ing pituture.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan