Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.
Dhuh Yehuwah, ing salebeting karubedan sami madosi Paduka; nalika bebendu Paduka tumempuh dhateng tiyang-tiyang wau, lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga.
Ora ana kang nimbang-nimbang, ora ana kang kawruhe utawa pangretene cukup temah bisa kandha: “Ana kang wus dakobong ing geni lan arenge wus dakanggo ngratengi roti, dakanggo manggang daging kang banjur dakpangan. Apa iya turahane nuli dakanggo gawe dewaning kanisthan?”
Clempung lan slukat, trebang lan suling, apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau, nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah, sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah.
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap bangsa iki: “Wong iku padha seneng nglembara lan ora ngampah sikile. Mulane ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, nanging samengko Panjenengane karsa ngengeti durakane lan arep ngukum dosane.”
Pialanira bakal ngrangket sira, lan pamurtadira bakal nyiksa sira! Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihe sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku; sarta ora gumeter wedi marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.
Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun.
“Malah iya kurban kang kokobong dhewe ana ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem lan diobong dening para leluhurmu, para ratumu, para panggedhemu lan rakyat ing nagara, apa dudu iku kang diengeti lan digalih dening Sang Yehuwah?
ing nalika iku wong nyumurupi wahyu-wahyu kang goroh tumrap sira lan nandukake patenungan apus-apusan marang sira – supaya banjur katamakake ing gulune para wong kang duraka lan ala, kang wus tumeka ing waktune bakal tampa pangadilan kang wekasan.
Efraim iku njaga angin, lan mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tindak cidra lan panganiaya, padha gawe prajanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.
Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!
Sakehe pialane kelakon ana ing Gilgal; lan ing kana anggoningSun katuwuhan sengit marang wong-wong iku. Marga saka alaning panggawe-panggawene bakal padha Suntundhung saka ing padalemaningSun. Ingsun ora bakal asih maneh marang wong-wong iku; para panggedhene iku pemberontak kabeh.
Balik manawa kowe padha ora nglakoni kaya mangkono, dadi kowe nyata-nyata padha gawe dosa marang Sang Yehuwah, sarta kowe bakal padha ngrasakake yen dosamu iku masthi bakal nempuh marang kowe.
Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.
Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.