1 samangsa Ingsun marasake Israel, nuli kelair dosane Efraim, lan pialane Samaria; dene wus padha tumindak ngapusi, maling lumebu kalawan ngrusak omah, grombolan kang ana ing njaba padha mbegal.
Bilai makuthane kamulyane para kang seneng mendem ing Efraim, kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah – yaiku kutha kang dumunung ana ing dhuwur, ana ing gunung, ing lembah kang subur kang kebak wong kang seneng ngombe anggur kang wus padha mumet! –
Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Paduka tuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula; kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalela saha sami nyumerepi ing piawon kawula;
kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah, sarta mundur nilar Gusti Allah kawula, kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng, sami ngandhut cidra ing salebeting manah saha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.
Angger-angger sampun kesuk kawula pengkeraken tuwin kaadilan tebih dunungipun, sabab kaleresan kesandhung wonten ing papan umum saha katemenan katampik ing tiyang.
Maune aku arep padha nambani Babil, nanging ora bisa waras. Tinggalen bae, payo padha mulih menyang tanahku dhewe-dhewe! Sanyata paukumane wus sundhul ing langit, nganti papak karo mega!
Mbakyunira kang tuwa dhewe iku Samaria, kang manggon ing salorira karo anak-anake wadon, tuwin adhinira wadon iku Sodom kang manggon ing sakidulira karo anak-anake wadon.
Kang tuwa jenenge Ohola dene kang enom Oholiba. Loro-lorone iku kagunganingSun lan padha nglairake anak lanang lan wadon. Mungguh jeneng-jeneng mau, Ohola iku yaiku Samaria, dene Oholiba iku Yerusalem.
Ing sarehne sira najisake awakira kalawan kanisthanira sarta Ingsun karsa ngresikake sira, nanging sira ora dadi resik, mulane sira ora bakal karesikan maneh, nganti Ingsun wus ngesokake dukaningSun marang sira.
Para wong saisine Samaria padha gumeter, ing ngatase pedhete Bet-Awen. Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku, sarta para imame padha sesambat, marga wus koncatan kamulyane.
He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel! Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim! PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.
Ingsun wus dikepung dening Efraim kalawan dora-cara, lan kalawan apus dening turune Israel, dene Yehuda ngilang saka ing sacelake Gusti Allah, saka ing sacelake Kang Mahasuci kang setya.
Efraim iku njaga angin, lan mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tindak cidra lan panganiaya, padha gawe prajanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.
He, para imam, padha ngrungokna, he, umat Israel, padha nggatekna, he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira, awitdene paukuman iku tumuju marang sira, marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa, lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor,
He, Efraim, apa kang bakal Suntandukake marang sira? He Yehuda, sira bakal Sunkapakake? Sih-susetyanira kaya pedhu esuk, kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang.
Bilai wong-wong iku, marga wus padha minggat ninggal Ingsun, padha nemahana karusakan, awit wus padha brontak marang Ingsun! Arep padha Sunpitulungi, nanging padha ngucap goroh marang Ingsun.
“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”
Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur, lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir, sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria, lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara iku sarta panganiaya kang ana ing kutha kono.”
yaiku kang padha sumpah demi Asima, dewi ing Samaria, lan kang ngucap: Demi allahmu kang gesang, he Dhan, sarta: Demi dewa kekasihira kang urip, he Bersyeba, iku bakal padha ambruk lan ora bakal ngadeg maneh.”
Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi, sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru, apadene rancangane kang sira tindakake: satemah sira Sundadekake samun, lan para wongira Sundadekake poyokan; kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.”
Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.
Yerusalem, Yerusalem, kowe kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKu arep nglumpukake anak-anakmu, padha kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisoring swiwine, nanging kowe ora ngolehake.
pangandikane: “Adhuh, iba becike manawa ing dina iki uga kowe nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem rahayumu! Nanging ing saikine bab iku sinamar tumrap mripatmu.