HOSEA 5:3 - Kitab Sutji3 Ingsun iku wanuh marang Efraim, sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel, awit sira wus laku jina, he Efraim; lan Israel wus najisake awake dhewe. Faic an caibideil |
Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.”