Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




HOSEA 4:3 - Kitab Sutji

3 Mulane nagara iki bakal prihatin, lan kang manggon bakal padha katon nglayung; uga kewan-kewan ing ara-ara lan manuk ing awang-awang, dalasan iwak-iwak ing sagara bakal padha sirna.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




HOSEA 4:3
17 Iomraidhean Croise  

Nagara susah lan aclum; Libanon kisinan lan ambruk mati; Saron wus kaya ara-ara, Basan lan Karmel padha brindhil.


Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing, lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum? Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngriku sato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna, awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita!”


Nagara wus kebak wong laku jina; sanyata marga saka ipat-ipat iki nagara iki dadi garing, lan suket-suket ing ara-ara padha alum; kang diburu mung piala, lan karosane iku anggone padha ora adil.


Aku ndeleng, jebul wus ora ana manungsa, lan sakehing manuk ing awang-awang padha mabur ngilang.


Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung, lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun, awitdene wus suwung kabeh, nganti ora ana kang ngambah, lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya, dadia manuk ing awang-awang, dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.


Apa Ingsun ora bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku, marga saka iki kabeh? Apa Ingsun ora bakal males ukum marang bangsa kang kaya mangkene iki?, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing awang-awang, kewan-kewan ing alas, sakehing kewan kang gumremet lan sakehing manungsa kang ana ing bumi bakal padha gumeter ndeleng pasuryaningSun. Gunung-gunung bakal padha gugur, peperenging gunung bakal padha longsor lan saben tembok bakal ambruk.


Kaya apa panjeriting kewan-kewan, pepanthan sapi padha bingung, marga wus ora ana pangonan maneh, uga wedhus-wedhuse padha kontrang-kantring.


Pangandikane mangkene: “Yehuwah nggero saka ing Sion, sarta ngwedalake swarane saka ing Yerusalem, temah pangonan-pangonan padha garing, lan pucake gunung Karmel dadi alum.”


Lah Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, iya Gustiku, ngandika mangkene: “Pangadhuh bakal keprungu ana ing sakehing ara-ara; lan ing sakehe lelurung wong bakal ngadhuh-adhuh: Adhuh lae, adhuh lae! Wong tani diundang supaya ngadhuh-adhuh, samono uga wong kang pinter nangis, supaya nganakake patangisan.


Apa bumi ora bakal gumeter marga saka kang mangkono iku, nganti saben wong kang manggon ing kono ngrasakake susah? Apa iku kabeh ora bakal munggah kaya bengawan Nil, lan gonjang-ganjing banjur mendhak maneh kayadene bengawan ing tanah Mesir?”


Sagara didukani temah dadi asat, lan sakehe kali padha kadadekake garing, Basyan lan Karmel padha dadi nglayung tetuwuhan ing Libanon padha alum.


Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Ingsun kang nglampahake wewelak iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan